Sabtu, 05 Maret 2016

Contoh Pidato B. jawa

Ini salah satu contoh pidato B. jawa yang bertema perpisahan :


Kalau yang ini bertema lingkungan :

PENTINGE KERESIKAN LINGKUNGAN

Assalamualaikum wr. Wb.
Bapak Kepala sekolah ingkang kinurmatan.
Bapak, Ibu Guru ingkang satuhu luhuring budi. Ugi mboten kesupen rencang-rencang ingkang kaula tresnani.
Sumangga langkung rumiyin sami ngaturaken puji syukur dhu-mateng Gusti Mahakwasa ingkang kepareng paring rahmat Ian hidayahipun sahingga kita sadaya taksih saged kempal ing acara punika kanthi mboten wonten alangan setunggal punopo.
Sholawat saha salam senantiasa kita haturaken dumateng junjungan kita Nabi Agung Muhammad S.A.W. ingkang kita tengga-tengga syafa’atipun benjang ing dinten akhir,.
Kula ngadeg ten ngriki ajeng medaraken babagan Karesikan Iingkungan.
 karesikan Iingkungan wigatos sanget tumrap kula panjenengan sadaya. Kedah kita emut bilih lingkungan inggih punika panggenan kangge gesang kita sedaya, sahingga kita kedah nguri-nguri lingkungan niki supaya dados pagesangan ingkang ayem, tentrem ugi sejahtera. njagi karesikan lingkungan punika salah sijining upaya ingkang utama kangge nyegah aneka penyakit.
Selaku kita warga sekolah, karesikan Iingkungan saget kita tumrapaken ing lingkungan sekolah ingkang kita tresnani puniko. Mbok bilih lingkungan sekolah kita resik kita ugi ingkang angsal dampak positifipun inggih punika KBM dados aman Ian nyaman. Karesikan lingkungan sekolah saget ditindakaken kanthi cara buwang Iarahan/sampah ing panggenan ingkang sampon disediaken, numindakaken piket kelas kanthi teratur.

Cekap Semanten atur kaula, mbok bilih wonten kekurangan ugi kekhilafanipun kaula nyuwun agunging samudro pangapunten.

Wassalamualaikum wr. wb

0 komentar:

Posting Komentar